Wednesday, 18 March 2015

Makalah Dumadine Kutha Pekalongan




Atur Pambuka
DUMADINE KUTHA PEKALONGAN

Assalamu’alaikum Warahmatulah Wabarokatuh
Puji syukur dumateng gusti Alloh SWT ingkang sampun anglimpahake rahmat sarta hidayahipun sahingga penulis saged damel makalah “ Dumadine Kutha Pekalongan ” kangge salah sijining syarat munggah kelas.
Makalah punika ditulis kangge salah sijining wawasan siswa ngenani bab crita rakyat inggih menika legenda. Amargi zaman saiki siswa sampun mulai nglupaake crita kedadeyan kuthane dewe.
Dumadine makalah punika mboten luput saking dorongan lan bantuan saking pihak liya. Sebab iku kula ngaturake matur nuwun dumateng:
1.      Bapak Drs. Nurhayatno, M.Si selaku kepala SMK Negeri 2 Pekalongan
2.      Wali kelas XI TKJ 2 Bapak Sudiharjo, S. Pd
3.      Bapak Prarika F. Setyatmoko  selaku guru Bahasa Jawi
4.      Wong tua kita  ingkang sampun paring dorongan lan dedonga
5.      Kanca-kanca ingkang sampun mbantu
Penulis mangertosi menawa makalah punika katah lepate lan tasih adoh saking kasampurnaan. Sahingga, kula ngaturake pangapunten, lan ngarepake kritik sarta saran ingkang mbangun kangge kaleresane makalah punika. Mugi-mugi makalah punika saged dados manfaat lan saged nambah wawasan kangge sing maos.
Wassalamu’alaikum Warahmatullah Wabarokatuh






BAB I
PURWAKA

1.1             Alasan Panaliten
          Cerita rakyat menika budaya lan sejarah basa Indonesia. Cerita rakyat umume nyariosaken prastawa asal usule panggenan. Tokoh – tokoh ana cerita rakyat bisa wujud kewan, manungsa utawa dewa. Cerita rakyat bisa kanggo hiburan uga tuladha suri tauladan  kang ngemot pesan moral.
            Akeh saiki cerita rakyat kang ditulis lan disebarake supaya ora ilang kayata crita rakyat Dumadine Kutha Pekalongan. Miturut cerita jaman mbiyen ing desa Kesesi ana wong sekti mandra guna nggadahi assma Ki Ageng Cempaluk. Kagungan putra asma Raden Bahu. Raden Bahu wiwit cilik sampun ketinggal kepinteranipun amargi ramanipun tiyang ingkang sakti.
            Bedanipun mitos kalihan legenda lan crita rakyat yaiku mitos iku durung mesti kedadeyan temenanan utawa durung jelas faktane. Nanging legenda iku wis mesti kedadeyanne amargi legenda iku crita rakyat sing ono buktine.

1.2             Undheraning paneliten
1.      Kalebu jenis opo Dumadine Kutha Pekalongan?
2.      Kepriye ceritane Dumadine Kutha Pekalongan?
3.      Opo unsure intrinsik sing ana ing cerita Dumadine Kutha Pekalongan?
1.3             Tujuwan paneliten
Panulisan makalah punika duweni tujuwan kanggo   :
1.      Nguri-nguri crita rakyat supaya mboten ical ning jaman sing bakal teka
2.      Njelasake asal usulipun Kutha Pekalongan
3.      Supados masyarakat saged ngertos crita Bahurekso
4.   Dadosake penerus bangsa sing ngertos kalihan crita kedadeanne kuthane dewe




BAB II
ANDHARAN

1.1       Legenda
Legenda  iku asal tembunge saking basa latin "legere" sing maknane "ngumpulaken utawa maca". Legenda umume crita-crita jaman mbiyen sing angel digolek buktine bener apa ora kedaden iku. Saiki tembung legenda wis ngalami perluasan makna, dadi ora mung sing nyritake kedaden, enggon utawa tokoh jaman mbiyen, ning uga kedaden / tokoh jaman saiki sing bener-bener kedaden utawa tokoh iku langka bandingane.

1.2       Crita Dumadine Kutha Pekalongan
Dumadine Kutha Pekalongan
(Mitos Bahurekso)
Miturut cerita rakyat ing jaman biyen ing desa Kesesi wonten tiyang ingkang sekti mandra guna ingkang nggadahi asma Ki Ageng Cempaluk, ingkang nggadahi putra Raden Bahu. Raden Bahu awit cilik sampun ketingal kepinteranipun amargi ramanipun tiyang ingkang sakti.
Raden Bahu kedah dipungembleng kalian ajaran-ajaran ingkang bener lan kedah dipunbimbing kangge eling lan nyedakake piyambakipun dhateng Sang Gusti Allah saking ramanipun, ingkang nggadahi maksud menawi sampun gedhe R. Bahu dados putra ingkang nggadahi watak ingkang luhur lan hormat kalian keluarganipun. Ki Ageng Cempaluk ngengken R. Bahu kangge ngabdi dhateng Mataram, lajeng ngendhika Ki Ageng Cempaluk maring R. Bahu.
Ki Ageng : “ He anaku, kowe iki wis gedhe, dados ngabdiya kowe dhateng Mataram, krana menawa urip amung ajeg ing desa, mangka mangka bakal ajeg ngelmumu tanpa enthuk ngelmu kang ingkang linuwih.
Nanging Rama ugi pesen, menawa R. Bahu sampun kasil aja sombong, kedah nyedakake piyambakipun maring Allah supados kedah kaparingan dalan ingkang bener.
R. Bahu : “ Pandonganipun Rama kedah kula suwun, lan mugi - mugi kula saged dipuntampi wonten ing Mataram.
R. Bahu nyuwun pamit kangge pangkat dhateng Mataram. Ing Mataram wekdal menika taksih wonten pasewakan. Patih lan para menteri sedaya ngadhep dhateng Sultan Agung kangge bahas pendamelan bendungan Kali Sombong ingkang boten rampung - rampung, ananging sampun gunakaken biaya ingkang kathah lan korbanipun ugi sampun kathah. Lajeng R. Bahu dumugi wonten bendungan kangge ngadhep Sultan Agung; beliau ngendhika: “ kula R. Bahu putra saking Ki Ageng Cempaluk kepingin ngabdi ing Mataram “. Krana Ki Agung Cempaluk menika rencangipun, dados Sultan Agung purun nampi R. Bahu nanging kedah ngangge syarat bilih R. Bahu kedah saged ndamel bendungan Kali Sombong wau. Raden Bahu purun nampi syarat menika. Saking Sang Raja R. Bahu kalian sedaya prajurit sak cukupe, lajeng pangkatlah R. Bahu ing Kali Sombong.
Sasampunipun ngantos Kali Sombong, ing ngriku kedadosan banjir bandhang kamangka boten jawoh. Lajeng R. Bahu nglakokake tapa, lan nyuwun pitulung dhateng Gusti Allah. Boten dangu lajeng piyambakipun dipungodha dening Raja Ula ingkang ageng sanget lan badhe nyerang R. Bahu. Raden Bahu langsung minggir.
Lajeng dados perang ingkang hebat wau antaranipun Raja Ula kalian Raden Bahu.
Kekalihipun sami sakti. Peperangan langkung dangu nanging Raja Ula saged dipuntaklukaken. Raja Ula kalah lan nyuwun dipunampuni lan boten dipunmateni, lajeng R. Bahu ngendhika:
Raden Bahu: “ He Raja Ula, kowe tak ampuni lan ora tak pateni, nanging kowe kedah ngrewangi aku gawe bendhungan Kali Sombong iki “.
Raja Ula: “ Duh gusti ingkang nggadhahi manah ingkang luhur, kula janji kedah biyantu ngrampungake bendungan menika kanti wekdal ingkang boten dangu”.
Boten dangu lajeng ewuan Ula medhal saking sarangipun kangge biyantu ngrampungake bendungan Kali Sombong wau. Boten dangu bendungan wau dados kalian dipunbiyantu Raja Ula lan para prajurit.
Raden Bahu kalian sedaya prajurit nyuwun pamit badhe wangsul wonten Mataram kangge nglapor dhateng sang baginda Sultan Agung. Sultan Agung lega manahipun, amargi bendungan wau saged dipunrampungaken dhateng R. bahu, lajeng Sultan Agung ngendhika: “ tugasmu sampun kok rampungake nganti sae, nanging taksih wonten tugas ingkang linuwih abot ingkang kedah mbok laksanaken, yaiku pundhut putri ingkang wonten ing desa Kali Salak ingkang bakal tak dadikake garwa. Raden Bahu sanggup lan lajeng nyuwun pamit badhe pangkat ing desa Kali salak.
Kanti perintah Sultan Agung mangka R. Bahu langsung methuk putri wau ingkang nami Rantamsari, ananging piyambakipun boten purun dipunsunting dening Sultan Agung. Rantamsari ngendhika: “ Duh Raden, kula boten purun menawi dipunsunting Sang Baginda Raja, luwih seneng kula dados garwanipun Raden Bahu”.
Tatapan netranipun putri saking desa wau ingkang suci kedah ngisi wonten manahipun lajeng kekalihipun manungsa wau ingkang benten jinisipun wau sami padha remen. Raden Bahu boten tentrem manahipun amargi Rantamsari badhe dipunpundhut garwa dening Sultan Agung. Lajeng Rantamsari ngendhika: “ yen ing desa Kali Beluk wonten satunggaling putri ingkang ayu sanget ngluwihi piyambakipun ingkang jeneng Endang wuranti, ibunipun sadean Serabi, menawi purun punapa piyambakipun ingkang  dipunpersembahaken dhateng Sri baginda”.
Raden Bahu pangkat maring desa Kali Beluk, ngantos mriku R. bahu ngadhep Endang wuranti. Raden Bahu ngendhika yen piyambakipun badhe dipunpundhut Sri baginda kangge dipunsunting Sri baginda. Endang wuranti purun dipunsunting Sri baginda. Endang wuranti purun dipunpundhut maring Mataram. Sasampunipun dumugi Mataram Raden Bahu ngadhep Sri baginda, beliau nglaporaken yen piyambakipun sampun berhasil munhut putri Kali Salak maring Keraton.
Nanging sasampunipun ing Mataram lan dipunparingi pitakenan dening Sultan agung putri wau boten saged mangsuli. Piyambakipun lajeng sadar bilih piyambakipun sampun dipunbohongi  dening R. Bahu, Sri baginda kaget lan sadar, piyambakipun jengkel kalian Raden Bahu amargi R. Bahu sampun ngapusi Sri baginda lajeng Sri baginda mikir badhe balas dendam kanti cara ingkang alus.
Raden Bahu dipuntimbali lan dipunparingi tugas kangge mbikak wana Gambiran, tugas wau nggadahi tujuan supados R. Bahu seda dipunpangan kewan-kewan liar. Ing sawijining wengi, sasampunipun sedaya prajurit sami tilem, R. Bahu taksih mikir kados pundi caranipun mbikak wana wau. Lajeng piyambakipun kerawuhan Ramanipun, beliau ngendhika: “ Hei anaku, kowe arep nglaksanakaken tugas ingkang luhur, mbikak wana Gambiran sanes tugas ingkang gampang. Perintah punika dados tanda yen Sang Raja menika percaya karo kowe, dados kowe kedah bener-bener ngrampungaken, yen ora klakon aku dhewe melu kewirangan “. Beliau ugi pesen supados R. Bahu nglakokaken tapa. Kalian dipunkancani sang Rama, Raden Bahu nglakokake tapa ing ngndhapipun wit gorda. Sanadyan dipunganggu dening makhluk - makhluk ingkang ala kayata Raja siluman ing wana. Piyambakipun boten gerak. Raja siluman percaya sanget yen pedang pusakanipun piyambakipun sampun leres nancep lambung R. Bahu, nanging wonten kedadean aneh, Raden Bahu boten dhawah saking tapa lan pedang wau ingkang dhawah, lan Raja siluman wau sami dhawah. Sasampunipun angsal pertanda ( Wisik ) saking Sang Gusti, raja siluman ingkang kalah menika nunjukaken menawi wana Gambiran menika bakal saged dipun bikak, ningali Raja Siluman wau ngrintih lara, lajeng R. Bahu ngrampungaken tapanipun. Raja siluman dipunbebasaken kedah ngangge syarat,  supados piyambakipun purun biyantu kangge mbikak wana wau. Dening sultan mataram wana Gambiran ingkang sampun kababad dening Raden  Bahu dipunwastani  “ PEKALONGAN ”.
1.3       Unsur Intrinsik
Tema    : Legenda
Amanat:
·         Ojo ngianati wong sing wis percoyo maring siro
·         Menawi sampun kasil kawruh ilmu ojo sombong, kudu iling maring Gusti Allah
Paraga lan wathake:
·         Bahu Rekso: manut maring tiyang sepah
·         Raja Ula ( Weling Kuning sekadang ): angkara
·         Rantamsari: mboten dendam amargi ditolak maring Raden Bahu
·         Sri Baginda: seneng mendem dendam



BAB III
PANUTUP

3.1 Dudutan
                  Legenda yaiku crita rakyat sing bener kaberadaane, nyata amargi ana buktine lan bisa ditingali ning jaman iki temekan singa arep teka, misale kayata crita rakyat “ Raden Bahureksa ”. Crita iki jelas-jelass bisa dibuktikake temekan saiki. Kota Pekalongan iku salah sawijine bukti crita DUMADINE KUTHAPEKALONGAN.
                  Amargi Raden Bahu sing tapa gumantung kayata kalong utawa ning Indonesiane “kelelawar” sing nyebabkake kutha batik iki disebut kutha Pekalongan.  
                 
3.2 Saran
                  Kita kudu mangerteni crita rakyat ning Indonesia iki lan asal-usule sahingga wawasan kita saged tambah lan legenda nusantara uga tetep lestari.